Contoh Sambutan Pelepasan Jenazah Bahasa Jawa.

Rasiyambumen.com Kajian Khazanah Islam (kategori posting Muamalah
Pembaca budiman, Rahmat serta Bimbingan_nya semoga selalu tercurah dan mengiringi kita dalam segala aktivitas di duni ini, untuk meraih kebahagiaan dan mengharap Ridho-Nya di Akhirat kelak. Aamiin...
Sambutan Pelepasan Jenazah Bahasa Jawa, kadang kurang mendapat perhatian dari shahibul mushibah, bahkan masih ada yang tidak memberikan sambutan ketika mayit/jenazah hendak di kuburkan. tersebut. Hal ini sangat disyangkan, walaupun ini bukan termasuk syarat apalagi rukun dalam pengurusan jenazah. Namun kalau kita tilik pelaksanaan pelepasan jenazah sangat bermanfaat khususnya bagi bagi mayat itu sendiri. (baca poin ke dua) dan juga bagi shahibul musibah tersebut.

Contoh Pelepasan Jenazah Bahasa Jawa.


Alhamdulillah puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah utawi Robbi Allah SWT. ingkang sampun maringi umur panjang lan kesehatan, iman wontening Islam, saengga kita saged kempal minangka ta'ziah lan sekaligus ndendonga kangge almarhum/mah ....

Sembah pandonga lan salam, kita aturaken panuwun dumateng kanjeng Nabi Muhammad saw. keluarga, shahabat, Tabi'in, Tabiut-Tabi'in, lan insya Allah kangge kita sedaya, ingkang ngantos sa'menika tesih istiqamah anggenipun tumut nglampahi piwulange Kajeng Nabi Muhammad saw. muga-muga saged angsal syafaatipun wonten dinten akhir/utawi kiamat mangke. Aamiin...

Kula ingkang mewakili shahibul musibah bade matur tembung, perkawis ingkang wonten gegandenganipun dumateng mayat lan kangge keluarga ingkang dipun tilar pejah.

Kaping sepindah kula ngaturaken matur nuwun sanget, khususipun dumateng tetangga ingkang paling caket, ingkang sampun maringi pitulungan ingkang katah. nggih menika wiwit sakit, arupi bantuan materi, pemikiran, lan pitulungan spiritual, ingkang migunani sanget kangge kula lan keluarga.

Lan dumateng para ta'ziah, matur nuwun kanti bingahipun raos manah kula lan keluarga. Mugi-mugi sedaya menapa ingkang dados bantuanipun dumateng kula lan keluarga, Gusti ingkang Agung nggih menika Allah SWT. maringi ganjaran ingkang berlipat ganda. Aamiin...

Kaping kalih, kula nyuwun pangapuntenipun kangge almarhum/mah mbok blilih menawi wekdal tesih gesang alharhum/mah wonten lingkungan bapak/ibu, tongga teparo, nggadahi perkawis ingkang mboten dipun senengi amarga tumindak ingkang mboten sa'patrapipun, wiwit saking tembung, tumindak ingkang mboten sopan, mangka kula sekeluarga nyuwun dipun buka-aken garbo utawi lawang pangapura, kanti tulus dateng almarhum/mah. Mugi-mugi pangapura ingkang dipun paringaken dumateng jenazah/mayit saged andadosaken gancaring lampah kepanggih kalihan Gusti Allah ingkang Maha welas lan Maha Asih, lan angsal rahmat-ipun. Aamiin...

Kaping tiga, dene masalah ingkang wonten hubunganipun kalian hak-hak lan kewajiban ingkang wonten dunya, mbok bilih menawi almarhum/mah gadah utang lan pengutangan dumateng bapak/ibu tetangga ingkan caket lan saha para peta'ziah sedaya,  ingkang dereng dipun rampungaken wekdal tesih gesang, mila ahli waris nyumangga-aken menghubungi, supados saged dipun rampungaken kanti sae lan ugi kanti gancang..

Ingkang pungkasan, sepindah malih, saking kula lan keluarga ingkang dipun tilar, ngaturaken matur nuwun sanget, kangge sedaya bantuan bapak-bapak miwah  ibu-ibu, langkung-langkun dumateng para warga RT.... / RW...... , kula mboten saged mbales sedaya kebajikan, dene kula lan keluarga namung saged ndedonga dumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuasa, mugi-mugi sedaya kebajikan warga lan peta'ziah ingkan tebih-tebih karoyo tumut andonga, dipun paringi pahala ingkang berlipat ganda, saking ngarsonipun Gusti Allah.  Aamiin.

Kula pungkasi cekap semanten atur kula.  Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarookatuh.

Cekap semanten minangka gambaran babagan contoh sambutan shahibul musibah. Muga-muga migunani lan saged dipun praktek-aken. Matur nuwun...

0 Response to "Contoh Sambutan Pelepasan Jenazah Bahasa Jawa."

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel