SANGUNE AKHIRAT (Kultum)


Kajian Khazanah Islam (Katagori posting Kultum)

Sedulur pangudi ilmu ingkang minulya, mugi-mugi gusti Allah Swt, tansah maringi kaberkahan lan paring pitulungan anggen kita ngrungkepi gesang wonten dunya niki, kangge sangu gesang wonten akhirat lan mugio minulya dunya lan akherate. Aamiin...


Rasiyambumen/Pelangi Khasanah Islam bade mosting ngaos kanti judul : Sangune Akhirat.  

Monggo kita sareng-sareng nginggahaken kunjuk syukur kersa dalem Gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat, taufik, hidayah lan sedoyo kani'matan ingkang mboten saged dipun itung sebab saking katahipun. Nikmat kawarasan lan kekuatan dene ngantos detik menika kita sedaya saged sareng-sareng nindaake ibadah sholat 'Isa dipun terasaken sholat taraweh berjama'ah. 

Monggo bapak / Ibu ngucap Alhamdulillah sareng-sareng. "ALHAMDULILLAHI ROBBIL'ALAMIIN. 

Sholawat soho salam mugi tetep katur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw. keluarga, dalah para sahabat ingkang sampun menuntun kita saking zaman ingkang peteng dedet dipun ajak dateng zaman ingkang terang gamblang, penuh rohmah nggih menika Agami Islam.

Babak/Ibu, sederek jama'ah ingkang kula hormati, mangga kita nikmati sisa/luwihan umur ingkang taksih dipun titipaken Allah dateng kula, panjenengan sedaya, mergi nopo?. Dene pejah menika mboten wonten ingkang sumerep kapan duginipun. Panjenengan  riyin, yeng kula keri nggih mboten sumerep, utawi sebalike... kula keri panjenengan riyin, nggih mboten sumerep. Gusti Allah ngendika wonten surat Yunus ayat 49 sing munine makaten : 
 
Ucapna : "Aku ora duwe kuasa nekak-na kemudaratan, lan uga ora bisa nekak-na kemanfaatan kanggo awakku, nek ora apa sing dikarepake dening Gusti Allah. Saben-saben umat iku nduweni ajal utawa kematian, nek wis teka ajale kabeh uwong, mangka uwong-uwong ora ana sing bisa ngundurna mbok setitik wae lan uga ora bisa majukne". (QS Yunus : 49) 


Menawi nggatek-aken ayat nginggil menika mila kita sedaya, : Mangga sami pados sangune pejah... menapo?  Ilmu lan amal ingkang sae : merga "Addunya niku mazdrotul akhirat" Dunyo niku kangge nandur lan kita bade ngunduh wonten akhirat.

Akherat niku pilihane namung wonten kalih ngih, pak, bu,. Nggih menika Syuarrga lan Neraka. Lha sa'niki monggo terserah panjenengan, purun nandur sing sae nopo sing awon... mangka nek kula lan panjenengan donga lak unine ngaten  "robbana atina fiddunya khasanah wa fil akhiroti khasanah". Gampange ngeten akhirat khasanah niku ingkang dimaksud nggih Syuaarrrgo. 

Balik malih masalah"tanduran" Tiyang ibadah teng dunyo niki ganjarane mboten diparingno breeg sak niki...tapi emben nek pun teng akhirat.... pak, bu, percoyo mboten kalih kula?. Pengin Bukti? Kula paringi contoh : Mboten wonten bedane nek teng dunyo niki, tiyang sing sregep ibadah kalihan tiyang sing mboten nate ibadah... nopo tiyang sing sholate rajin trus sugih, sing mboten sholat trus melarat, kan mboten nggih... Sing sholate khsu' jama'ah teng masjid teng musholla nopo omahe tingkat 5.(gangsal)? Kadang sing sholate biasa mawon omahe malah tingkat 6 (enem) utawa 7 (pitu). Sing sholate sampe batuke ngapal niku omahe tingkat 10, mobile lamborgini? lak mboten to pak,bu... faham maksud kulo... dados ganjaran niku ngunduh panene teng akhirat. Kulo lan panjenengan sering nonton TV enten sinetron judule "Ngapain sholat?" emang sholat bisa bikin kita kaya... sing ngomong ngoten niku mergo tiyange mboten nate ngaji. nggih, nopo mboten pak, bu... Sebab nopo?, nek tiyang niku ngaji menawi ngomong lambene niku wonten sing ngerem. Nah niku sing namine ati. 

Semanten uga kejelekan niku nggih ngunduhe utawi panenne teng akhirat. Sampun jelas contohipun kan pak, bu, ... tapi wonten salah setunggale hadits dipun jelasaken, nek maksiate/durhaka marang wong tuone, niku adzab-e langsung teng dunyo... langsung mendapatkan cobaan, ujian. Nah ingkang naminipun ujian niku mboten mesti perkoro ingkang awon, tok to pak, bu...ujian niku inggih wonten sing sae... wong mlarat niku nggih ujian, wong sugih niku nggih ujian. Katah tiyang lak muni ngeten, sing sabar yo yuu yuu...saiki anakmu laro, bojomu lungo, gak muleh-muleh, (koyo bang toyyib).  Mboten wonten tiyang ngomong sing syukur yo.. yuu, yuu, saiki sepedamu anyar. (Ngenaki cobaan). 

Mbalik malih monggo kito sareng nglumpukno damel sangune pejah. 

Maikat Izroil tukang cabut nyowo olehe nyabut ora kondo disik.

Mula ayo dipun perhatekno ibadah kito ing alam dunyo niki supados dadi ahli suwarrgo selamat saking sikso neroko... monggo.
Monggo kita sami-sami istighfar...

Astaghfirullah robbalbarooya.. astaghfirullah minal khotooya... 
robbi zidni... ilmannafi'ah wawafikni amalan makbuula.

Makaten sekedik... ingkang saged kula aturaken mugi ndadosaken ilmu ingkang manfaat...aamiin ya robbal 'alamiin. 
Wassalumu'alaikum Wr.wb.


penulis : Rasiyam Hidayat.

0 Response to "SANGUNE AKHIRAT (Kultum)"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel