10 Perkawis Paugeran Piwulangan Islam (Kultum)

Kajian Khazanah Islam (katagori posting Kultum Bahasa Jawa)

Para pengaos ingkang minulya, mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kaberkahan lan tuntunan dumateng kita sedoyo anggenipun ngrungkepi gesang wonten dunyo niki kangge madosi ridhonipun Gusti ingkang Agung supados angsal surganipun wonten akhirat kelak.  

Rasiyambumen / Pelangi Khazanah Islam, dinten meniko nulis kangge para pengaos kanti judul : 10 Perkawis Paugeran Piwulangan Islam. 

Minangka atur pambuka, kita syukuri ni'matipun Gusti Allah ingkang katahipun tanpa wilangan. Syukur kanti ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Gusti Allah Swt. 

Shalawat salam mugi kunjuk dumateng panutuping para Nabi lan Rasul, Muhammad saw. dalah ahli waris, para sohabat lan sedaya penderekipun ingkang taksih ngukuhi lan ngrungkepi ajaranipun. Aamiin...


Para rawuh, ing wekdal menika kita rumaos lega sebab dene saged ngayahi kewajiban nindakaken syiam Ramadhan mugi saged nutug sesasi, lan dipun kantheni kelawan mapinten-pinten amaliyah ingkang mugi-mugi katampi dening ngarsaning Gusti Allah Swt.

Wonten Ramadhan niki, mangga kita sesarengan ambudidaya nyampurnaaken amaliyah agami kita kelawan nindaaken 10 perkawis paugeran piwulangan Islam kanti kekiayatan kita piyambak-piyambak. 

10 Perkawis Paugeran piwulangan Islam wau kewengku dening huruf "S" inggih menika kados penerangan wonten ngandap niki :

1. Syahadat
Syahadat meinika sampun kita mangertosi dene rukun Islam ingkang kawitan, ingkang dados pondasinipun rukun lan ajaran Islam sanesipun. Syahadat ugi keyakinaning manah ingkang dipun ucapaken mawi lisan (ingkang baku, menawi tiyang sampun yakin dumateng Gusti Allah Swt, mangka samubarang ingkang kalampahan mboten uwal saking Allah Swt. Nyuwun pangreksa inggih namung dumateng Gusti Allah, nyuwun pitulunagan inggih namung dumateng Guti Allah).

2. Shalat
Shalat menika ibadah ingkang paling utami, sehinggo menawi tiyang shalatipun risak inggih kesaean sanesipun mboten katampi dening Gusti Allah.  Wonten salah satunggaling hadits, ingkang dipun riwayataken Al-Hakim, Rasulullah saw. ngendika : "Perkara ingkang bakal den hisab luwih dhisik ing dina qiyamat ya shalate. Yen shalate bener, bakal ditampa kabeh ngamal kebagusane. Yen shalate rusak mangka bakal den tolak kabeh ngamal kebagusanne"  

3. Shadaqah
Shadaqah ing dalem agami Islam wonten ingkang hukumipun wajib, wonten ingkang sunnah. Ingkang wajib arupi Zakat fitrah lan Zakat Mal. Dene Zakat Mal, ingkang dipun wajibaken tumrap tiyang Islam ingkang bandanipun dumugi senishab. Lah ingkang nishab-ipun sampun cekap, mangka hukumipun wajib dipun bayar 2,5% amargi upami mboten dipun bayar, wonten pidananipun sangat awrat. Lan ingkang sanes, nafkah para suami ugi kalebet wajib dumateng istri lan kaluarganipun. Namung kemawon, anggenipun nyaosi nafkah gumantung kalawan kemampuannipun.

Wondene Shadaqah sunnah ingkang ganjaranipun ugi melipat-lipat, saged arupi  amal jariyyah, waqaf, hibah, lan nyantuni anak yatim.

4. Shaum
Shaum tegesipun ngengkeng, inggih punika ngengkeng saking dahar lan ngunjuk, ngendika, lan sanes-sanesipun. Tujuanipun kangge ngangkat derajatipun tiyang mu'min dados tiyang muttaqin, sebab inggih tiyang muttaqin menika ingkang sampun dipun sediaken swarga dening Gusti Allah. 

5. Syafar Ilal Hajj
Inggih menika nindakaken ibadah Haji ing Mekkah Al Mukharamah, ingkang kalebet rukun Islam wonten angka gangsal. 


6. Silaturrahim
Menungsa menika kalebet makhluk sosial ingkang mboten saged gesang piyambak tanpa kebantu tiyang sanes. Pramila sampun sakmestinipun manungsa kedah gesang bebrayan tulung tinulung, dumateng kesaenan. Gusti Allah berfirman :
 






"...lan tolong menolonglah kowe kabeh sakjroning (mengerjakan) kesaenan lan taqwa lan aja tolong menolong sajroning gawean dosa lan pelanggaran. Lan bertaqwalah kowe kabeh dumateng Gusti Allah, saktemene Gusti Allah abot banget marang siksa-Nya." (QS,Al Maidah : 2)

7. Syukur 
Rasululllah saw. saben-saben nampi keni'matan mesti mboten nate lali sujud syukur, matur dening panuwun dumateng ngarsane Allah Sawt. Kejawi menika Allah panci ngresaaken supados kita kaum muslimin dadosa tiyang ingkang tansah bersyukur, supados ketambahan ni'matipun.

8. Sabar
Sabar niku meh sami kaliayan syukur, namung ingkang kawastanan sabar menika menggahing tiyang awam gampang kinucap ananging angel kelampahan.

9. Sabilillah 
Nyambut gawe kanti temen ing dalane Allah, kados dene da'wah dateng daerah ingkang taksih rawan islamipun, mucal/mulang Al-Qur'an lan ilmu-ilmu agami dateng lare-lare, ngrumati yatim piatu, lan brasto kebodohan.  

10. Satru Maksiyat
Maksiyat ateges nindakaken awis-ipun Allah lan nilar dawuhipun Allah. Kados dene nindakaken Ma 5 (Main, Madat, Madon, Maling, Manembah berhala). Ingkang makaten niku, sami kalihan nilaraken Shalat, Syiam, lan Zakat. 

Makaten kultum ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi Syiam kita saestu-estu saged nuceni jiwa kita saking mapinten-pinten dosa. Kawula nyumun pangapunten menawi wonten kelepatan, kekhilafan lan kekirangan. Akhir kalam, wassalamu'alaikum warrohmatullahi wabarokaatuh. 

0 Response to " 10 Perkawis Paugeran Piwulangan Islam (Kultum) "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel