Contoh Teks Mukodimah Tahlil Bahasa Jawa.

Ilustrasi Acara Tahlil 

Rasiyambumen.com Kajian Khazanah Islam (kategori posting Mu'amalah)

Pembaca budiman, Bimbingan dan Ridha-Nya semoga selalu tercurah serta mengiringi kita dalam segala aktivitas di dunia ini, untuk meraih kebahagiaan dan mengharap Rahmat-Nya di Akhirat kelak. Aamiin. 

Kali ini penulis akan memberikan salah satu contoh penyampaian Mukodimah dengan menggunakan bahasa jawa. Mudah-mudahan bermanfaat. 

Cotoh Teks sebagai berikut :

- Al Mukarrom, poro alim, poro kyai, soho poro ustadz, 
- Poro sesepuh, pini sepuh ingkang kawulo mulya aken'
- Dumateng Ketua RW lan RT sak perangkatipun, ingkang kawulo hormati. 
- Hadirin ingkang kawula mulya aken, lan sedoyo jama'ah tahlil. Wabil khsusus Shahibul bayt, Bapak  Ahmad Fathoni  sekeluargo. 

Poro undangan/jama'ah monggo kita ucapaken puji syukur dumateng ngarsonipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillahi robbil 'alamin, sebab Gusti Allah sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, dene dalu meniko kulo lan panjenengan sedoyo saged angrawuhi wonten dalemipun Bapak Ahmad Fathoni kanti waras utawi sehat wal afiat, mboten wonten rubedo setunggal menopo.
Mugi-mugi kehadiran kula lan panjenengan sedoyo dipun catet dening Gusti Allah SWT ndadosaken amalan hasanah, fiddini wadunya wal akhiroh. Aamin ya robbal 'aalamiin. 

Bapak-bapak poro rawuh sedoyo, ingkang kawula mulya-aken, dene dalu menika Bapak Ahmad Fathoni kagungan hajat inggih puniko bade nyuwun dumateng poro rawuh kanngge ndedo'a nyuwun dumateng Allah SWT, inggih menika ando'a-aken dumaten leluhuripun ingkang sampun pinanggil wonten ngarsonipun Gusti Allah. 
Bapak-bapak poro rawuh sedoyo, Bapak Ahmad Fathoni (shohibul hajat)  nyuwun dipun waosaken surat Yaasin lan dipun terasaken bacaan Tahlil. 

Dene kagem mimpin waosan Yaasin lan Tahlil kawulo pasraha-ken dumateng panjenenganipun Bapak Ustadz Mudzakir, S.Ag. lan mangke dipun tutup do'anipun kawula suwun panjenenganipun Bapak Ustadz  Abdul Rohim.

Monggo kangge miwiti utawi pembukaan, kula lan panjengan sedoyo, sareng-sareng maos bacaan umul Qur'an. 

Bismillahir rohmaanir rahiim, : Ila hadratin Nabiyyil Mustofa Muhammad Sholallahu 'alaihi wa sallam, wa azwajihi wa durriyyatihi 'Ajma'in , ALFAATIHAH. 

Sak lajengipun kangge mimpin waosan Yasin lan Tahlil kawula sumangga-aken dumateng Bapak Ustadz  Mudzakir, S.Ag
Dumateng bapak ustad, palenggahan lan wekdal kawula aturaken. Sumonggo....

Catatan : SESUDAH SELESAI BACA TAHLIL DAN DOA. Untuk pembawa acara agar mengucapkan terima kasih kepada para jamaah. 

Bapak-bapak para rawuh sedoyo, ingkang kawula mulya-aken.
Makaten kolo wau waosan Yaasin, Tahlil lan do'a penutup, sampun kita sedoyo lampahi kanti lancar lan gangsar mboten wonten rubeda setunggal menapa. Mugi-mugi menapa ingkang dados niat hajatipun Bapak Ahmad Fathoni (shohibut bayt), Saged dipun tampi lan dipun ridhoi kalian Gusti Allah SWT. Aamiin.

Kulo atas nami shohibul hajat Bapak Ahmad Fathoni, ngaturaken dumateng poro rawuh sedoyo, agunging panuwun ingkang sampun rawuh wonten gubuk kulo, kanti tulus lan ikhlas. Nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun paring penghormatan, pinara'-an lan ugi hidangan kirang cocok dumateng panjenengan sedoyo. Sepindah malih kulo nyuwun agunging pangapunten. 

Wabil khusus kulo piyambak selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo, mbok bilih wonten ucapan igkang kirang prayogo lan kirang pas tumraping tata acoro, menika.  
Akhiru kalam, Billahi taufiq wal hidayah, Wassalamu'alaikum Wr.Wb. 

Demikian urain materi "Contoh Teks Mukodimah Tahlil Bahasa Jawa".  Semoga bermanfaat dan dapat kita gunakan ketika diperlukan. Aamiin.

0 Response to "Contoh Teks Mukodimah Tahlil Bahasa Jawa."

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel