Kultum Bahasa Jawa; Kanthi Judul "Sabar Lan Shalat"


Rasiyambumen.com Kajian Khazanah Islam (Kategori posting Kultum)
Sederek pengaos ingkang munulya, Rahmat saha Bimbingan Allah SWT. mugi tansah dipun curahaken dumateng kita sedaya, pakarya menapa kemawon wonten ing dunya niki, kangge nggayuh kamulyan lan nggayuh Ridhonipun Gusti Allah wonten Akhirat mangke. Aamiin...

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT, 
Alhamdulillah, puji syukur kita dumateng Gusti Allah, ingkang sampun paring iman Islam dumateng kita sedaya lan paring kesehatan, dene ngantos dinten menika wonten malem ramadhan kita tesih saged anglampahi sedoyo perintahipun, salah setungalipun inggih menika saged anindak-aken shalat Isya sareng-saren lan dipun terusaken shalat taraweh jama'ah wonten mesjid ingkan minulya menika. 

Shalawat saha salam mungga kita aturaken dumateng haribaan junjungan Nabi akhir zaman nggih menika Nabi Muhammad saw. lan keluarganipun, para sahabat, para tabi'in lan tabiut-tabi'in saha kita sedaya ingkang ngantos dinten menika tesih angrungkepi lan nindaken ajaranipun, mugi-mugi angsal syafa'tipun wonten akhirat mangke. Aaamin ya robbal 'alamin. 

Kaum muslimin lan muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT, 
Saben menungsa menika pasti tansah mbetahaken pitulungan. Pitulungan ingkan paling pas lan sae ugo paling leres, nggih menika namung pitulungan saking Allah SWT. Sabar lan nindakaken Shalat ingkang, khusu' saged ndadosaken manungsa angsal pitulungan saking Gusti Allah, pitulungan gangsar rezekinipun, lan pitulungan kawarasan raga lan rohanipun. Amargi sabar lan shalat, menika sabar amalan hati, menawi shalat amalan anggota badan. Kalih perkawis menika nggadahi kekdudukan ingkang mulia.
Wonten ndalem kitab Al-Qur'an surat al-Baqarah ayat 45-46 Allah berfirman :
"Jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu. Dan sesungguhnya yang demikian itu sungguh berat, kecuali orang yang khusyu' " (QS Al-Baqarah : 45)
"Yaitu orang-orang yang meyakini, bahwa mereka akan menemui Tuhannya, dan bahwa mereka akan kembali kepada-Nya." (QS Al-Baqarah : 46). 

Saking ayat-ayat menika saged kita pahami bilih kita kedah nyuwun dumateng Gusti Allah kanthi sabar lan  shalat ingkang khusu'. Sabar lan shalat menika salah setunggaling amalan ingkang utami menawi kita bade nyuwun menapa kemawon, dumateng Gusti Allah amargi sabar lan shalat menika amalah shaleh ingkang saged nyaketaken diri kita dumateng Allah SWT. Kita dipun arahaken supados sabar menawi nampi cobaan susah utawi nampi kesenangan, sebab perkara ingkang kalih niki hakekatipun sedoya ujian. Dipun coba kesusahan inggih ujian dipun paringi kesenengan nggih ujian. 
Para ulama membagi kesabaran menika dados 3 perkawis.
1. Sabar anggenipun nindaaken perintahipun Allah swt. 
2. Sabar anggenipun nebihi laranganipun Allah swt.
3. Sabar anggenipun nampi musibah/ujian saking Allah swt. 
Dene tigang perkawis menika kedah dipun tindaaken kanti sae, ikhlas, supados kita pikantuk petulungan Allah swt. 

Kaum muslimin lan muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT
Mila supados kita dipun pinaringan pitulung saking Gusti Allah, inggih menika kanti nindaaken shalat ingkang khusu' lan ikhlas namun dipun tumuju dumateng Allah SWT semata. Lampahaken shalat wajib gangsal wektu, lan dipun tambah shalat sunnah-sunnah ingkang dipun perintahaken kados ingkang dipun contohaken dening kajeng Nabi Muhammad SAW.  Kanti pasrah mengaturaken kelemahan/kekirangan lang pasrah kanti donga yen kita sangat membutuhkan sanget pertolongan saking Gusti Allah SWT.    

Rasulallah saw. nate ngajaraken shalat hajat kegem nyuwun pitulungan Allah. Shalat istikharah kagem nyuwun kemantepan hati menawi wonten kalih perkawis ingkang membingungkan. Kita ugi sampun dipun ajaraken shalat tahajjud terutama wonten ing sepertiga malam terakhir wekdal ingkang dipun istimewaaken dening Gusti Allah. Menawi wonten hamba ingkang nyuwun ampun dumateng Gusti Allah bakal Allah ngampuni dosanipun. Menawi nyuwun pitulungan menapa kemawon, ingkang dipun pengini kita, pasti Allah bade maringi pitulungan menika. 
Sumangga wonten ing shalat kita tansah nyuwun pitulunanipun Gusti Allah lan tentunipun kedah kanti kesabaran. Insyaallah kita saged tansah pinaringan pitulungan saking Gusti Allah. Aamiin.... 

Kula cepaki semanten kultum malem menika wonten judul "Sabar lan Shalat" menawi kita tesih kepanggih malih dipun sambung kanti kultum judul ingkang sanesipun.  
Wasalamu'alaikum wr.wb. 

0 Response to "Kultum Bahasa Jawa; Kanthi Judul "Sabar Lan Shalat""

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel